Contoh Cerkak Bahasa Jawa Singkat : Telpun Wayah Awan

Contoh cerkak basa jawa singkat-Cerkak atau disebut cerita cekak adalah sebuah karangan berbentuk prosa fiksi yang merupakn hasil imjinasi pengarang. Cerkak atau cerpen dalam bahasa Indonesia dikenal dengan bacaan yang dibaca sekali duduk, artinya cerkak tidak menggunakan kata-kata yang banyak.

Nah, di bawah ini adalah contoh dari cerkak basa Jawa yang singkat dan mudah dipahami. Ikuti ulasan di bawah ini :

Contoh cerita cekak bahasa Jawa singkat


Contoh Cerkak Bahasa Jawa Singkat : Telpun Wayah Awan

Telpun Wayah Awan 


“Bu, mengko awan aku ana rapat, dodi rada telat anggonku mulih”. Ujare Mas jaka sisihku nalika sarapan esuk sadurunge budhal kerja. Wus dadi pakulinan ana kulawargaku, saben esuk aku, Mas Jaka, Fitri anak tunggalku lan Mbok Inem sarapan bareng.
Baca Juga : Contoh Cerpen Tentang Perjuangan Meraih Mimpi & Cita-Cita
“Bu maeme tambah" krungu swarane Fitri sing gawe babare lamunanku. Aku gage ngranggeh wakul isi sega, dak cidhuk setengah enthong, dak tambahi sayur lan endhog dadar. "Masakane Mbok Inem pancen enak” Pangalembanane Mas Jaka. Aku mesem, Mhok Inem mung ndhungkluk. Ora mung pisan siji iki Mas Jaka ngelem masakane Mbok Inem, nanging wis bola bali. Pancen dak akoni bab masakan aku kalah karo Mbok Inem. Masakane Mbok Inem pancen mak nyus tenan, bumbu bumbune sarwa pas. Sawise rampung sarapan aku gage nyepakake tas kantore Mas laka. Ora lali tas lan sangune Fitri uga dak cepakake, dene Mbok Inem mberesi gaweyan mburi.

“Bu, aja lali Fitri dipethuk saka sekolah. Sing ngati-ati, jaman saiki akeh penculikan bocah cilik saumurane Fitri” Welinge Mas laka karo ngarasi pipiku. Yen kelingan bab penculikan bocah sing rame disiarake ana TV, aku mung mberes mili, ngapa ana wong tega ngrampas lan nyulik bocah sing isih lugu lan lucu-lucu? Fitri dak arasi lan dak ruket kenceng. Bocah saumure Fitri pancen ibarate kuncup sing lagi arep megar mula ora mokal dadi incerane wong-wong sing duwe ati ala.

Awan kuwi aku siap methuk Fitri, dumadakan krungu swara telpun. Dak angkat, krungu swarane wong lanang "Betul ini ibu Rina? Saya dari rumah sakit mengabarkan bahwa suami ibu kecelakaan dan sekarang dalam kondisi kritis…” kaya ana bledheg nyambar kupingku. Lamat-lamat aku isih krungu wong mau mbaleni omongan lan nyebutake nomor telpun sing bisa dakhubungi. Telpun dak tutup. Tanganku gemeter, atiku ndrodhok. Mbok Inem dak undang.
Baca Juga : Contoh Teks Cerita Sejarah (Cerpen) Terbaru
"Mbok kowe saiki mbecak methuk Fitri ana sekolahan, Mas laka kecelakaan” Mbok Inem melu kaget, gelas sing dicekel mrucut, ambyar tibo jobin.” Terus kados pundi kahananipun?” pitakone Mbok inem melu ndrodhok. "Iki aku arep telpun maneh menyang rumah sakit. Wis Mbok Inem ndang mangkat!" prentahku alus karo nglungi dhuwit kanggo mbecak.

Aku ngranggeh gagang telpun. Nomor sing disebutake wong mau dakputer. Ora let suwe krungu swara lanang, nanging beda karo sing mau. Durung nganti aku takon, dhewekne wis ndhrindhing nyritakake yen bojoku arep dioperasi lan mbutuhake wragad selawe juta rupiah. Wong mau banjur kandha menawa pengin bojoku ketulung, kudu nyiapake dhuwit selawe juta ditransfer mlebu nomor sing disebutake dhewekne.

"Jelas?” pitakone wong mau ana telpun. "Sekarang berdoa saja, semoga suami ibu dapat tertolong nyawanya. Tambahe banjur nutup telpune.  Aku isih kamitenggengen ana ngarep telpun, kaya-kaya durung percaya apa kang dak rungu. Aku nyaut telpun maneh, dak puter nomor HP sing digawa Mas Jaka. Krungu swara operator yen nomor sing tak tuju ora aktif. Aku tambah gemeter, dak coba dak habungi maneh. Tetep ora bisa, bola bali dak bel, ora nyambung babar blas, non aktif. Aku tansaya percaya yen Mas Jaka nemu alangan. Aku banjur mlebu kamar, gelang, kalung, ali-ali hadiahe Mas Jaka nalika aku ulang taun dak wadhahi, sedyaku bakal dak dol kanggo nambahi dhuwit celenganku sing ana bank cacah rong puluh juta.

Sawise dodolan gelang, kalung lan ali-ali aku banjur menyang bank. Aku tanda tangan njupuk tabungan rong puluh juta. "Nyuwun pangaputen, Ibu badhe mendhet kalih dasa juta?" pitakone kasir. Aku manthuk.
Baca Juga : Contoh Naskah Pidato Hari Besar Islam - Singkat Dan Terbaru
“Sadaya badhe dipunpendhet ?” bali takon maneh. Aku banjur crita bab lelakone sing dak alami, uga bab dhuwit sing kudu ditransfer menyang nomor sing wis dak cathet ana kertas. Kasir manggut- manggut.

“Mangke rumiyin, Ibu sareh rumiyin, mangga lenggah wonten kursi," kasir ngajak aku lungguh. "Bu menawi kersa ndhahar atur kula, anggenipun mendhet arta dipun sabaraken rumiyin. Kula kok cubriya menika apus-apusan.." kasir kanthi alus menehi pepeling marang aku.

Sawise cukup, aku manteb dhuwit durung sida dijupuk. Aku milih diterake salah sawijining pegawai bank. Tekan ngomah wus rada sore. Aku gage mbukak lawang. Kaya ngapa kagetku nalika Mas Jaka, Fitri lan Mbok Inem wis ana ngomah, sajak lagi padha bingung nggoleki aku. Mas Jaka praupane katon sayah, Fitri lan Mbok Inem banjur padha ngruket aku. Sawise sareh aku banjur crita kabeh lelakon sing dak alami saka esuk nganti tekan sore iki.

"Untung kasir bank cubriya. Yen nganti klakon transfer selawe juta kanggo operasiku, rak kojur tenan," ngendikane Mas Jaka ora bisa nutupi anggone bungah. "Lho HP-ne Mas Jaka kok ora bisa dihubungi?" aku ora sranta, kebak pitakonan. "Pas rapat mau, Pak Kepala ndhawuhi kabeh HP dinonaktifke, supaya ora ngganggu anggone padha rapat. Sebab biasane yen ora dinonaktifke, sedhela- sedhela krungu thulat-thulit, embuh kuwi bel, misscall apadene sms..." lamat-lamat aku isih krungu swarane Mas Jaka. Sawise kuwi aku rubuh ana kursi. Sayah...

Kesimpulan

Itulah ulasan mengenai contoh cerkak bahasa jawa singkat. Semoga dapat bermanfaat bagi kita semua. Sekian dan terima kasih.

Belum ada Komentar untuk "Contoh Cerkak Bahasa Jawa Singkat : Telpun Wayah Awan "

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel