Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa & Strukturnya : Omah Joglo

Contoh teks deskripsi bahasa jawa - Wacana deskripsi utawa gancaran deskripsi yaitu wacana kang nggambarake kanthi cetha salah sawijining kahanan (objek), objek mau kaya-kaya ana ngarepe pamaca.

Tujuane nulis wacana deskripsi yaitu supaya wong kang maca bisa ngrasa kaya nyawang dhewe objek kang digambarake utawa dijlentrehake. Deskripsi uga bisa ditegesi princian utawa penggambaran objek arupa prastawa, pawongan, kawanan, lingkungan, tanduran, alam, lan liane.

Contoh teks deskripsi bahasa jawa


Tandha-tandhane utawa titikan wacan deskripsi :
  • Nggambarake samubarang umpamane kahanan, papan, utawa manungsa
  • Nggunakake panca indra (pandeleng, pangrasa, pangrungu, lan pengecap)
  • Bisa ngajak pamaca kaya-kaya pamaca bisa ndeleng dhewe, ngrasa dhewe, krungu dhewe, ngambu atau ngganda dhewe, lan ngecap dhewe.
Urut-urutane nulis wacan deskripsi

Kangge nambah pemahaman materi wacan deskripsi, perlu uga dilakokake praktek gawe wacan deskripsi. Ikilah urut-urutane gawe wacan deskripsi :
  • Nemtokake underaning perkara (tema).
  • Ngumpulake katrangan kanthi njingglengi bab kang arep ditulis
  • Nyathet perangan-perangan bab kanthi tlesih
  • Nulis kasile banjur njingglengi utawa neliti kanthi urut lan cetha serta ngepasake tembung-tembung kang trep
  • Mbenerake tembung utawa ukara kang salah supaya dadi karangan kang becik

Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa & Strukturnya : Omah Joglo


Nah, ing ngisor iki ana tuladha utawa contoh wacan teks deskripsi basa jawa, supaya lewih nambah pemahamane marang materi wacan deskripsi. Cermati contoh ing ngisor iki!

Omah Joglo 

Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa & Strukturnya : Omah Joglo
Foto : arsitag
Omah adat Jawa sing umum dikenal yaiku omah kang nduweni gaya arsitektur jogla. Joglo kuwi kalebu wangunan utama saka omah tradisional Jawa Tengah. Para jalwestri jaman ndhisik nduweni penganggep yaiku para kadang konang ora gampang nduweni omah joglo amarga kuwi khusus kanggo kaum terhormat kaya dene bangsawan, priyagung, maharaja lan pangeran.
Baca juga : Contoh Cerkak Bahasa Jawa Singkat : Telpun Wayah Awan
Omah joglo duweni ciri kang khas yaiku payone kang dhuwur lan wujude bujur sangkar. Omah joglo wis arang ditemokake ing jaman saiki, nanging esih ana wangunan joglo kang dadi warisan budaya benda lan esih dilestarikna.

Omah joglo kuwi werna-werna jinise ana joglo lawakan, joglo sinom, joglo jompongan, joglo pangrawit, joglo mangkurat, joglo hageng, joglo semar tinandhu.

Biasane omah joglo iku ana gebyoge kanggo pepaes. Omah joglo kaperang dadi telu bagean yaitu pendhapa, pringgitas, lan ndalem utawa omah jero.

Bagean pendhapa arupa bagean ngarep sing nduweni ruangan jembar tanpa sekat-sekat, lan ana saka guru papat ing tengah kang dadi panyangga. Fungsine bagean pendhapa yaiku kanggo nampa tamu utawa ruangan nyante keluawrga lan dolanan bocah-bocah. Bagean pendhapa diapit pengrawit apitan lan tajuk mangkurat.
Baca juga : Contoh Teks Eksplanasi Budaya Wayang & Strukturnya (Lengkap)
Pringgitan saka tembung pa-ringgit-an, ateges jaman biyen minangka papan kanggo nonton wayang purwa utawa wayang kulit. Ing jaman saiki, omah joglo akeh kang ora nganggo paringgitan amarga saiki yen nanggap wayang bakale digelar ing lapang utawa balai desa.

Ana ing bagean dalem minangka bagean jero omah arupa senthong utawa kamar. Ana senthong kiwa, senthong tengah, senthong tengen lan ruangan iki sing sifate luwih pribadi. Dalem iki dadi pusate saka omah joglo.

Ana Uga bagean gandhok lan pawon. Gandhok iki dipigunakake kanggo nyimpen perabot masak. Ciri-ciri wangunan joglo yakuwi bagean payon pendhapane dhuwur kaya gunung. Perangan payon yakuwi ana empyak, memolo, kili, bahu danyang, untu cakil, gendheng, wuwung, lan talang. Yen dhasaran omah joglo arane ki bebatur kaya dene jobin, jogan, ompak kang warnane cemeng.

Omah joglo sing isih terjaga, lengkap lan esih dilestarekake serta nduwe nilai-nilai budaya Jawa yaiku sing nduwe 3 wangunan lengkap, yaiku pendhapa, pringgitan, dan bagean jero omah. Saka ngarep ana pendhapa sing diapit 2 wangunan liya sing radha cilik lan wangunan pendhapa. Bagian tengah ana pringgitan yen lumebeng ing mburi dhewe ana dalem.

Kesimpulan

Ikulah ulasan kang bahas contoh teks deskripsi basa jawa : omah joglo. Semoga contoh ing dhuwur bisa manfaati lan nambah pemahaman marang materi wacan deskripsi.

Belum ada Komentar untuk "Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa & Strukturnya : Omah Joglo"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel